"A TELU"

Para putu kinasih !
Sawijining dina ana putu kang nyuwun pirsa marang embah, ngéné: “mBah, kula asring mireng sadhèrèk ngendika bab adigang, adigung, adiguna ; punika punapa ta mbah ?!”
“O, iku ! Mangkéné putu, iku piwulang lan uga piwelingé para sepuh sing tegesé ngéné :
Adigang, iku tegesé ngumukaké utawa ngendel-endelaké kasektèné, panguwasané.
Adigung, iku ngumukaké kaluhurané, drajat-pangkaté. Déné
Adiguna, iku ngumukaké, ngendel-endelaké kapinterané utawa kaluwihané.”
“Pancèn putu, uwong iku ora dipambengi duwé panguwasa, kaluhuran, drajat-pangkat, kapinteran, kaluwihan lan liya-liyané, nanging iku mau ora kena diumukaké awit wusanané mung nuwuhaké congkrah lan renggangé paseduluran. Ora susah ndadak diunggul-unggulaké mesthi bakal katon ing tandang-grayangé kang migunani tumrap sapadha-padha, lan uga ing unggah-ungguhé, putu !
Gusti Yésus rak ya wis paring piwucal supaya kita padha ngesoraké badan ana ing ngarsané Pangéran, lan lan kita bakal kaluhuraké ? Jajal diwaca Yakobus 4 : 10 !”
“ O ngaten ta mbah!?”
“ Ya ngono iku. Wis ya putu, wulan ngarep diterusaké, bab liya ning isih ana gandhèngé A-telu iki !”

Salam embah,

Suta