Piwelinge embah Suta
MARDIKA!!

Para putu kinasih !  
Ngarepké pèngetan 17 Agustus 2011 ana putu sing nyuwun pirsa marang embah mangkéné : “Mardika punika punapa lan kedah kados pundi, ta mBah ?”
“Merdika iku tumraping bangsa kita ateges : ora kawengku lan ora kaerèh déning bangsa liya.
Déné kamardikan kita iku wus 66 tahun lawasé kaétung wiwit tanggal 17 Agustus 1945. ing pungkasaning Perang Donya kang kapindo pamarèntah Jepang sing mèlu nimbrung Perang Donya II dibom atom, kalah, pamarèntah Jepang ing Indonesia ya mesthi baé mélu kalah! Ing kahanan kang tumrap Indonesia ora ana panguwasa penjajahan sing “kuwat”, para muda Indonesia ndhesek Bung Karno lan Bung Hatta supaya ènggal-ènggal ngumumaké Kamardikaning Bangsa Indonesia, kang banjur digegegi kanthi perang kamardikan.”
“Nalika samanten embah nggih ndhèrèk perang, mbah?” “Durung mèlu, embah isih cilik, lagi umur wolung tahun, mèlu ngungsi.” Mula putu ayo padha saiyeg mbangun negara srana kabisané dhéwé-dhéwé, aja malah “digrogodi”. Kamardikan kita iki larang regané, awit ditohi bandha – raga lan jiwa. Pancèn ana gunané yèn sepisan-sepisan tilik menyang Taman Makam Pahlawan (TMP) “Tanjung Nirwana”, makam sing ana sisih wètan, iku makamé para pejuang sing gugur tahun 1945.
Dadi yèn ana wong sing kandha manawa kamardikan kita iku pawèwèhé Jepang, iku SALAH GEDHÉ, iku KLÈRU BANGET !!

Mula putu ayo padha mèlu mbangun lan ngisi kamardikan kita iki. AJA MALAH DIGROGODI
Wis ya putu, MARDIKA !!!

Salam embah!
                                     Suta