Piwelinge embah Suta
"AJA DUMEH"

Para putu kinasih !  
Wulan kapungkur ana putu sing nyuwun pirsa marang bab A telu, yaiku adigang, adigung lan  adiguna.
Lha ing minggu iki ana siji manèh sing uga ana gandhèng cènèngé karo A telu mau, yaiku
tembung aja dumèh.
Para putu kinasih !
Dumèh iku miturut buku Bausastra jawa ( Kamus Basa Jawa ) tegesé mung amarga, utawa jalaran sakaUpamané : aja dumèh sugih ………
     aja dumèh pinter ………
     aja dumèh duwé pangkat ………
Titik-titik iku mangga diisèni dhèwè,, lumrahé tembung utawa ukara sing ora nyenengaké.  
Upamané : “Aja dumèh sugih, banjur ngenyèk wong sing ora duwé,” (Aja marga sugih…
utawa Aja jalaran sugih …..)
Para putu kinasih !
Rong tembung (aja dumèh), tembung sing prasaja iku kanyata ngemu piwulang sing jero
 tumrap kita supaya aja dadi wong kang dhemen umuk, aja dadi wong kang dhemen pamèr lansesongaran.
Para putu kinasih !
Seméné dhisik ya putu; muga ana pigunané.

Salam embah

Suta